Pandang hanarang, sumilak piyak katon hangilak-ngilak marga agung kang tumuju dhumateng sasana rinegga. Ana sesotya coplok saking ngembanan, lumampah mabukuh yayah prayatneng kewuh, ngregemeng kaya lintang Bimaskti hunyawak tutukin naga, lah punika warnanira kang ndaweg hanawung krida, angayahi gati kinarya Suba Manggala Suba. Mangkana wus kekalung puspito rinonce, mila sgra maged esthining driya, lenging cipta arsa mboyong sang pindha narendra tedhak mring panti busana.
Sinten ta asmane priya jatmika kang kepareng nyangkul jejibahan agung menika, sayekti ta sanes panjenenganipun adhimas……………………………………

Dhasar pideksa sarwa sambada, maksih mudha tumaruna wimbuh hambeg susila hanoraga, tandang tanduka prasaja tur ngresepake, grapyak semanak marang sapa wae, prasaja busanane, prasaja uripe, luhur bebudene. Katilik saking solah bawa, ebahing sarira liringing netra, ukeling asta tumapaking pada ngidak wirama, kapracihna bilih Sang Suba Manggala satuhu lebda ing budaya.

Tindakira kadherekaken satriya sakembaran, kembar dedege, kembar baguse, kembar busanane lamun cinandra pindha jambe sinigar, inggih punika ta wamanira Talang Pati, Manggalayuda ya Pratiwa anggalasuba.

Sumambung ing wuri, barisane para kenya Srikandhining praja Nuswantara, ingkag wonten ing Surakarta. Busana sarwa edi, solah bawane merak ati, eseme ndudut ati, kedhiping netra ngrujit ati. Lumampah jejer kalih-kalih salajur sisih, gendhes luwes wiragane, susila patrape, hangujiwat eseme, pindha ngawe-awe para kang ana sandhinge.
Laju lampahe Risang Manggala Suba, sumangke sampun prapta unggyaning kang tinuju, mila lajeng suka sasmita mring sekarng pawiwahan, gya jengjar saking palenggahan, manjing pepengkeran.